Selasa, 14 Oktober 2008

puisi ala suroboyoan

* Sing Gak Iso Dilalekno


karo kasih tak taburno roso...

karo ati tak cubo ngungkal seneng...

sedino mbe'e aku ngenal koen...

seminggu mbe'e aku nyenengi koen...

lagek taon-taonan aku iso nglalekno koen...

Raimu marai aku seneng...

Tapi watekmu marai aku pengen muntah...

Tugelan pangarep senengku karo koen...

konco seje kuto sing tak senengi...

Aku ero pancen teko ati...

Aku ero jelas ireng nang nduwure puteh...

Tapi iku sing kelakon...

Aku ero aku gendeng...

Aku ero aku goblok...

Aku pancen gocik...

sak iki aku kudu siap perang...

merjuangno supoyo aku iso nglalekno koen...

Kabeh sing kelakon karo sing kroso...


* Ngarepno Koen Mbalik


Konco....

Lapo koen ninggalno aku...

lapo koen ngadohi aku...

padahal aku pengen karo koen terus...

masio ndunyo iki rame banget...

Aku ngroso sepi lan...

Pingin ketemu koen...

Masio urip iki abot tak lakoni...

Aku nang kene eleng koen...

Nangis gak duwe elo moto...

Koyok lintang sing Melik-melik...

Aku ngarepno koen koyok disek...

Waktu koen karo aku...

Lungguh nglamun karo ngguyu kepingkel-pingkel...

Umpomo aku iso mbaleni...

mbe'e iso nguripno maneh gairah uripku...

Ngarepno perasaan iki koen ero...

aku gak iso adoh teko koen...



Tidak ada komentar:

Posting Komentar